Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Carane Ngatur Duwik Gaji Ben Gak Cepet Entek

Nek awakmu nge-klik artikel iki, berarti awakmu tau ngerasakno duwik gaji moro-moro ludes gak eroh nang ndi parane. Perasaan sektas wingi gajian, dino iki moro-moro entek maneh, gak nduwe duwik maneh. Ngunu terus tiap bulan, opo gak ngengek ho?

cara ngatur duwik gaji

Duwik gaji ancen nek gak diatur isok-isok koyok welut, angel cekelane. Gak awakmu tok, aku seng nulis artikel iki yo termasuk salah sijine seng ngerasakno koyok ngunu. Tapi Alhamdulillah, iku biyen saiki aku wes nduwe strategi yo’opo carane ben gaji iku gak cepet ludes.

Nah cara iki isok digawe arek seng sek bujang yo isok digawe arek seng wes rabi utowo rumah tangga. Mugo-mugo ae artikel iki isok ngatasi masalah gajimu ben gak cepet entek. Wocoen artikel iki sampek mari, ben awakmu gak kakean sambat ae, cuk.

Yo’opo Seh Carane Ben Gaji Iku Gak Mek Lewat Tok?

Biasae uwong nek mari nompo gaji iku koyok wong sugih, tapi mene langsung mbalik kere neh. Pas sek bujang, nerimo gaji langsung budal nang toko meduro tuku rokok 2 bungkus, padahal biasae mek 1 bungkus. Konco-konco dibayari ngopi kabeh sak mangane, pas wes teko omah ngecek dompet langsung kosong, gak nggateli a?

Nek seng wes rabi, duwike dikekno bojone kabeh. Ngkok de’e dijatah 20ewu bendino karo bojone gawe sangu, lah iku wong gerang opo arek SD, cuk? gak bahaya tah?

Onok strategine ho ben duwik gajimu iku gak cepet entek, opo maneh gawe awakmu seng rokok’an. Iki tips gawe awakmu seng ngeroso lanang ae duduk arek wedok. Cocok pisan gawe awakmu seng sek bujang utowo seng wes rabi. Simak’en iki karo disambi ngopi !!

1. Lanang Iku Kudu Isok Ubet

Nek jare wong jowo biyen iku, lanang ancen kudu isok ubet. Artine kudu isok sembarang kalir. Nang kene aku gak mbahas masalah genteng bocor, sanyo rusak, dll. Nang kene seng tak bahas iku ubet dalam arti nggolek penghasilan tambahan. Iki cocok gawe arek bujang utowo seng wes rabi.

Seng jenenge penghasilan tambahan iku jelas penghasilan liyane gawe tambah-tambah pemasukan, dadi pemasukan gak mek njagakno gaji teko bosmu tok ae.

Jaman saiki jamane online, awakmu isok oleh penghasilan teko online tok. Opo maneh gawe awakmu seng durung rabi, utowo wes rabi tapi sek durung ribet ngurusi anak. Dadine mumpung sek enom, manfaatno waktumu.

Awkmu isok nyambi dodolan online, golek gawean freelance, nyambi dadi makelar tanah, makelar omah, dll. Moleh kerjo ojok langsung turu, awakmu iku lanang kudu isok nyebet kono nyebet kene seng penting halal.

Jaman saiki jamane hp canggih. Ojok hp’mu tok seng canggih tapi utek gak canggih. Yo’opo carane hp’mu iku isok ngolehno duwik, puteren utekmu ojok digadekno.

Contohe aku, bukane sombong tah sok-sokan, saiki aku nyambi dodolan online dadi dropshipper. Gak atek bondo, mek bondo hp tok. Modele koyok makelar online. Selain iku, aku yo golek kerjoan freelance, iki yo gak atek modal pisan, mek bondo hp karo utek tok.

Nah teko kunu ngkok awakmu isok ngolehno penghasilan tambahan iku mau. Awakmu nduwe hp, ndelok’o nang youtube lah carane dodol online kek, dadi makelar tanah kek, manfaatno hp mu, ojok mbok gawe mobile legend ae, cuk.

2. Duwik Iku Ojok Ditabung, Tapi Investasino

Nah iki seng biasae wong jowo akeh kelirune. Biyen dituturi wong tuwo-tuwo jare kudu gemi soale kaet SD wes diajari “Hemat Pangkal Kaya.” Yo gak salah seh nabung duwik, cuman nek jareku rodok keliru titik.

Awakdewe kudu niru wong cino. Awakmu ngerti gak opo’o kok wong cino iku nek urip nang Indonesia roto-roto mesti sugih? Nek awakmu ngomong keturunan, iku salah. Wong cino iku nek ndidik anake masalah duwik iku gak ditabung, tapi digawe investasi.

Investasi iku gak mek digawe wong sugih-sugih tok ho, masio awakmu durung sugih, awakmu yo isok investasi. Bayangno, cino iku nek mari gajian, 70% teko gajine iku digawe investasi, sisane digawe urip sak wulan. Gendeng gak?

Investasi iku bedo karo nabung, nek nabung iku duwikmu bakalan kalah karo inflasi. Nek investasi duwikmu bakalan ngalahno inflasi iku mau (nek awakmu investasi nang panggon seng tepak).

Lah terus opo investasi seng cocok cak? Tak saran’o belajar’o investasi Saham. Saham iku modele koyok awakmu duwe bisnis tapi seng njalakno wong liyo. Awakmu mek nandur modal nang bisnis iku mau. Dadi awakmu kari milih pengen nandur modal nang perusahaan opo.

Tapi awakmu kudu belajar disek tentang saham iku mau. Soale onok istilah trader onok istilah investor. Nah trader karo investor iku bedo, awakmu kudu paham sek bedane.

Tak kandani yo ho, paling titik duwikmu roto-roto isok manak 12-13% per tahun nek awakmu tuku saham seng tepak.

Mangkane kaet saiki mulai belajaro tentang saham. Awakmu kudu melek tentang saham ben gak ketinggalan jaman. Terus belajar nang ndi cak? Jangkrik, yo belajar’o nang youtube kan akeh, su.

Ohh iyo awakmu isok belajar carane ngatur duwik ala Li Ka Shing, Wong Sugih Sak Asia.

3. Maen Persentase, Ojok Maen Nominal

Seng dimaksud iku nek pas awakmu ngetokno duwik. Dadi umpomo gawe awakmu seng sek bujang, gaji sak wulan 4 juta. Iku nek milah-milah gaji ojok gawe nominal koyok 1jt gawe dolen, 2jt gawe tuku peda, ojok ngunu. Gawe’en ngene, gaji 4jt seng 10% gawe dana darurat, 20% gawe urip sak wulan, 30% gawe wong tuwo, 40% gawe investasi.

Nah iki persentase’ne sembarang terserah awakmu, pokoke gak sampek keteteran. Nek ancen awakmu nduwe tanggungan nyicil peda, nyekolahno adikmu, tah liyane iku baru nggawe nominal soale itungane wes paten, ngkok sisae baru dipilah-pilah nggawe persentase.

Pokoke nek milah-milah duwik gaji, ojok lali ngekek’i wong tuwo, sedekah, karo gawe investasi. Nek duwik digawe dolen, iku titik ae persentase’ne. Seng penting ngempet saiki, ben sesuk isok cepat sugih.

4. Ojok Mekso Tuku

Gaji mundak mek 100ewu mekso tuku peda N-MAX. Status karyawan sek kontrak mekso nyicil omah KPR. Iku kabeh malah nggarai awakmu cepet ngelu.

Nek gajimu sek UMR, wes gawe peda sak onoke lah, gausah nuruti peda jaman now. Nek awakmu karo bojomu koyoke durung sanggup nyicil omah, wes ojok mekso tuku omah gawe sistem KPR, iku regone malah 2x lipat. Walaupun awakmu sanggup nyicil ben wulan, tapi iku isok nggarai matek ngadek.

Mending duwikmu investasino disek, nek wes ancen cukup gawe tuku seng mbok pengen, nah baru tukuo. Ojok mekso tuku, cuk. Nek jare motivator seng sugih, awakmu nek tuku barang berarti awakmu kudu nduwe duwik 2x lipat seharga barang iku mau, baru awakmu oleh tuku.

5. Nek Isok Ojok Utang

Utang saiki wes onok alplikasine seng dikenal karo jeneng “pinjol.” Syarate seng gampang, mek bondho KTP tok ae wes oleh utang-utangan. Ojok sampek awakmu terjebak nang utang-utangan iki. Bah iku utang offline opo utang online.

Utang iki nek aku ngarani kegiatan digawe njupuk duwik’e awakdewe nang masa depan. Dadi modele awakdewe njupuk duwik saiki, tapi duwik masa depan ilang soale kenek cicilan mau, opo maneh utang seng nggawe bunga, tambah ngeri cuk.

Utang gak popo, tapi utang iku mau duwike diputer, duduk utang digawe urip, utang digawe tuku peda, opo maneh utang digawe tuku saham, iku bahaya kabeh.

Nek awakmu utang digawe modal usaha gak masalah. Awakmu wes mikirno mateng-mateng usahamu, atimu wes mantep terus prospek usahamu yo apik, iku gak masalah nek utang soale isok ter back up teko omset’e usahamu mau.

Intine nek isok hindari utang nek awakmu bener-bener gak sepiro butuh

6. Sedekah

Nah iki yo penting ho, pas awakmu ngatur duwik gaji ojok lali karo seng jenenge sedekah. Awakmu kerjo tapi yo ojok lali karo akhiratmu. Sisihno gajimu 5% gawe sedekah tiap bulan ben gajimu barokah. Nang duwik gajimu iku yo onok hak’e wong liyo.

Ojok pelit-pelit dadi uwong, 5% iku mek titik. Nek gak iklas kalong duwik gaji 5% yo minimal 2,5% lah. Nek sak gak iklas, yo matio ae, cuk.

Ngatur Duwik Gaji Tergantung Pawon’e Dewe-Dewe

Cara-cara seng tak sebutno nang ndukur iku mek sekedar contoh, isok mbok tiru yo isok mbok modifikasi dewe, terutama seng masalah persentase. Soale gajine uwong iku bedo-bedo, kebutuhane uwong yo bedo-bedo, tinggal awakmu ae pengen mbok olah seng koyok opo.

Intine nek pengen gajimu gak cepet entek, awakmu gausah kakean model. Manfaatno hp mu gawe nggolek penghasilan tambahan terus yo ojok lali karo investasi & sedekah.

Wes ngunu ae, mugo-mugo onok manfaat’e. Mulai saiki rubahen caramu ngatur gaji, mbalik maneh, ben gak sambat ae cuk.


Posting Komentar untuk "Carane Ngatur Duwik Gaji Ben Gak Cepet Entek"