Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Niru Carane Li Ka Shing Ngatur Duwik, Wong Sugih Sak Asia

ASUPANLi Ka Shing utowo Mbah Li iku konglomerat seng sugih teko Hongkong ambek wong seng sugih sak Asia. Wong iki yo terkenal dermawan terus yo dianggep wong seng ngekek’I powerful  nang Asia. Mbah Li yo mlebu daftar wong sugih versi majalah Forbes Amerika taun 2007 karo disebut Asia’s Most Powerful Man nang Asianweek pas taun 2001. Mbah Li kecatet nang daftar wong sugih urutan ke-9 seng sugihe sampek US$32 milyar. Ckckck, nek didadekno ewonan isok pirang lembar duwike ho?

Mbah Li Ka Shing biyen pas sek cilik iku wes dadi buruh nang pabrik biji plastik, ket cilik ancen wes nggetu nyambut gawe soale ancen Mbah Li lair teko keluarga seng kere. Nek Mbah Li gak kerjo, Mbah Li gaisok mangan. Mbah Li bener-bener gak langsung sugih, tapi wes tau kere disek.

No matter how much you earn, always remember to divide it into five parts proportionately. Always make yourself useful.”

“Gak peduli piro ae seng mbok olehno, ilingo terus gawe mbagine dadi limo bagian seng pas. Dadekno awakmu berguna terus”.

Menurute Mbah Li, penghasilane awakdewe iku kudu dibagi dadi 5 bagian koyok ngene (contoh gawe seng gajine 3jt) :

DIGAWE URIP SAK ULAN 30%

Nek penghasilanmu sak ulan 3jt, berarti awakmu kudu nyisihno 900ewu digawe urip sak ulan. Mboh yo’opo carane duwik 900ewu iku kudu cukup gawe sak ulan seng berarti sedino awakmu kudu mek ngetokno duwek 30ewu tok. Gak cukup sedino sakmunu? Nggolek’o kerjo sampingan cuk.

DIGAWE KEKANCAN 20%

Mbah Li nyebut iki “Making Friends.” Sisihno 600ewu gawe nraktir koncomu. Tapi ilingo seng mbok traktir iku konco seng isok dijak tuker pikiran terus de’e yo nduwe ilmu seng isok di share nang awakmu, sopo ngerti isok dijak bisnis bareng.

DIGAWE PENDIDIKAN 15%

Pendidikan iku gak mek sekolah/kuliah, awakmu isok nyisihno duwik 450ewu gawe melok seminar opo tuku buku ho. Moco buku iku puenting poll gawe nambah wawasanmu. Awakmu yo isok melok seminar, nah ngkok teko seminar iku awakmu ketemu konco anyar gawe namah circle mu karo berbagi ide.

DIGAWE HEALING 10%

Nah seng iki yo ojok lali, sisihno duwik 300ewu sak ulan digawe dolen karo ibuk bapakmu. Senengno ibuk bapakmu mumpung sek onok, dijak dolen tipis-tipis ae wes seneng sembari karo njaluk dungo ne wong tuwo ben isok cepet sugih.

DIGAWE INVESTASI 25%

Iki seng paling penting, nek gajimu 3jt awakmu isok nyisihno 750ewu gawe investasi. Awakmu isok investasi nang saham. Miliho saham-saham seng ngekek’I cuan gede. Tapi yo awakmu kudu konsisten, ojok mek sekali tok ndeleh duwik terus gak ndeleh blas, yo podo ae gak ngefek cuk. Investasi nang saham iku digawe jangka panjang duduk mek sak ulan rong ulan.

1 komentar untuk "Niru Carane Li Ka Shing Ngatur Duwik, Wong Sugih Sak Asia"

Lisa C6 15/10/22 11:35 PM Hapus Komentar
wkwkwk keren nih, jarang-jarang ada yang pake bahasa jawa. kunjungi blog saya juga ya Tokocrypto