Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Mumpung Sek Enom Manfaatno Waktumu

ASUPAN – Mari lulus SMA/Kuliah terus awakmu kerjo melok uwong pirang-pirang taun iku gak cukup gawe seng jenenge urip mapan. Arep sampek kapan kerjo melok uwong? Yakin perusahaan seng mbok melok’I iku bakalan apik gawe awakmu terus? Mumpung sek enom ho, manfaatno waktumu gawe nggolek penghasilan tambahan mumpung awakmu sek enom.

Urip kudu onok wernoe, ojok mek lempeng ae ngetutno arus. Ojok terlalu bangga disek nek awakmu wes oleh kerjo. Yo apik she timbang nganggur, tapi eman waktune mumpung sek enom. Moleh kerjo yo sek onok waktu gawe nggolek penghasilan tambahan maneh ben awakmu isok pension gak melok uwong terus saklawase. Yo’opo carane? Simak’en iki !!!

1. INVESTASI IKU WAJIB

Sumber : freepik.com

Nek wes ngomong wajib berarti iku kudu. Temenan ho, awakmu kudu investasi mumpung awakmu sek enom, ojok sampek buta masalah investasi. Investasi opo cak enake? Uakeh, awakmu isok investasi nang tanah, emas, saham, obligasi opo deposito.

Saiki pemerintah yo wes nggalakno progam nabung saham barang. Dadi awakmu isok tuku saham ket mulai 100ewu tok. Nek awakmu gak ngerti opo iku saham, searching nang internet opo youtube, nang kunu uakeh pembahasan tentang saham. Awakmu yo isok nyobak deposito opo nabung emas batangan soale tambah suwe emas batangan iku nek di dol larang, opo maneh tuku mu pas wayah murah-murahe.

Jaman saiki kudu melek investasi, ojok sampek ketinggalan. Nek duwikmu mek mbok tabung, sampek 10 taun yo bakalan mek sakmunu tok. Bedo karo investasi, nek investasi opo maneh nang saham, duwik seng mbok gawe tuku saham bakalan dadi akeh nek saham seng mbok tuku iku sahame perusahaan apik.

Pikiren maneh gawe nyisihno duwik kanggo investasi ben duwikmu iku gak tergerus inflasi. Biyen regone rokok mek 6ewu sak pak, saiki wes 20ewu sak pak cuk. Kebutuhan mundak, kabeh mundak, pikiran yo kudu mundak, ojok cupet.

2. SIDE JOB IKU PENTING

Penting poll awakmu gawe nggolek penghasilan tambahan mumpung sek enom, gausah bingung-bingung. Saiki nang internet iku uakeh penghasilan seng isok mbok kerjakno nang omah pas moleh kerjo opo pas moleh kuliah. Timbang moleh ngopi sampek shubuh, mending nggolek gawean nang internet.

Sumber : freepik.com

Nek awakmu jago desain logo, banner opo sembarang kalir, awakmu iso ngedol karyamu nang situs www.fiverr.com. Nang kunu awakmu kari login terus gawe karya seng isok mbok regani. Opo awakmu hobi foto-foto, timbang mbok posting ng instagram gaoleh duwik, awakmu isok posting karya fotomu nang www.shutterstock.com. Nek awakmu seneng dodolan tapi gak duwe produk, awakmu isok dadi dropshipper. Nek durung ngerti dropshipper iku opo, wocoen iki sek Dropshipper itu artinya apa sih?.

Intine saiki uakeh panggon gawe ngasilno duwik nang internet, ojok sampek ketinggalan ho eman mumpung sek enom.

3. KURANGI CANGKRUKAN

Sumber : freepik.com

Yoiki seng penting, biasae nek sek enom iku akeh-akehe cangkrukan gak jelas. Ngopi sampek shubuh, tapi pas ngopi isine yo mek nge-game,mbahas wedokan, dll. Unfaedah nek jareku. Kecuali awakmu ngopi mbahas bisnis karo koncomu dadi isok bertukar pikiran yo gak masalah.

Onok riset seng mbuktino nek utek’e wong amerika iku nek di dol regone 100jt. Nek wong chino, utek’e di dol payu 200jt. Nah wong Indo nek utek’e di dol iku payu 1milyar, iyo soale jarene utek’e wong Indo iku jarang digawe. Nggateli cuk.

Intine kurangi ngopi gak jelas, gapopo pisan-pisan ben gak suntuk seng penting ojok bendino. Masa depanmu seng nentukno yo awakmu dewe.

4. NGGAWEO DAFTAR PENGELUARAN

Iki seng gak kalah penting, nek awakmu pas terimo gaji ojok lali gaweo catetan. Gaji mlebu piro dicatet, pengeluaran opo ae dicatet, oleh penghasilan tambahan piro yo dicatet. Dadi duwik mlebu metu kabeh dicatet.

Nek awakmu wes terbiasa nyatet pengeluaranmu, awakmu isok ngerti opo ae seng nggarai gak cekelan duwik. Nah teko kunu awakmu isok ngalongi seng nggarai pengeluaran akeh mau.

Lakonono saiki mumpung sek enom, timbang awakmu nyesek mburi pas umurmu wes gerang, opo maneh nek awakmu wes rabi duwe anak. Internet iku luas, nang internet awakmu isok nemukno cara opo ae seng mbok karepno, dadi ojo leyeh-leyeh mumpung sek enom.

Posting Komentar untuk "Mumpung Sek Enom Manfaatno Waktumu"