Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

[Gawe Arek Lanang] Sakdurunge Kepikiran Rabi, Siapno Dana Iki !!

Nek awakmu ngeklik artikel iki, berarti awakmu wes onok tanda-tanda kepingin rabi. Tapi sakdurunge kepingin rabi, tak takoni wes siap tah?

Rabi iku gak mek teko nang penghulu nggowo arek wedok terus sah dadi bojomu, terus bengine isok mbok gasak. Lak enak uripmu nek rabi mek ngunu tok, cuk.

kepikiran rabi

Ancen nek umur wes mateng, biasanae pihak wong tuwo iku ngongkon ndang rabi. Opo maneh posisimu wes nduwe gendaan, wes sering mbok gowoi ngalor ngidul. Iyo nek teko pihak wong tuwone awakdewe tok, lah nek teko pihak wong tuwo seng wedok yo’opo?

Pacaran wes tahun-tahunan tapi gak dirabi-rabi, lah iku gendaan opo ingon-ingonan, cuk?

Nah sakdurunge onok kepikiran rabi, aku arep ngekek’i tips, opo ae seng perlu disiapno sakdurunge rabi. Iki menyangkut dana (duwik). Tips iki teko pengalamanku seng wes rabi oleh 3 taun terus yo mugo-mugo iki bermanfaat gawe awakmu seng durung rabi, terutama arek lanang.

Opo Ae Seng Perlu Disiapno Gawe Arek Lanang Sakdurunge Nduwe Pikiran Rabi?

Iki aku ngekek’i tips gawe awakmu seng terbiasa mandiri, dadi gak njagakno wong tuwo. Tapi nek awakmu anake wong sugih terus masalah duwik gak bingung, yowes gausah diwoco artikel iki, cuk.

Seng arep tak bahas iki masalah dana. Biyen sakdurunge rabi, aku mek mikir yo’opo carane nyiapno dana gawe bondho acara rabi tok, gak mikir dana kedepane sakwise rabi. Dadine mari rabi terus rumah tangga ternyata akeh juga kebutuhan seng tak terduga.

Nah teko pengalamanku iki, mugo ae isok bermanfaat gawe awakmu arek lanang seng durung rabi, opo maneh awakmu sek enom, manfaatno waktumu.

Dana Seng Perlu Disiapno Sakdurunge Awakmu Rabi

Ohh iyo, kadang onok arek seng sek bingung antara rabi disek opo mapan disek. Nek masalah iku wes tak bahas nang artikel sakdurunge yo rek, saiki aku bahas masalah dana seng dibutuhno sakdurunge nduwe pikiran rabi. Simak’en iki !!

1. Dana Gawe Lamaran

Seng pertama perlu mbok siapno yoiku dana gawe lamaran. Lamaran yo butuh duwik, masio gak akeh koyok acara rabi, tapi kan tetep butuh duwik, cuk.

Acara lamaran iku tergantung awakmu karo pacarmu pengen’e yo’opo. Onok seng biasa-biasa ae mek nggowo pihak keluarga tok karo nggowo jajan-jajan, onok seng nggowo keluarga gedhen, onok seng nggowo tonggo-tonggo kampung numpak bemo 10.

Nek masalah acara lamaran, isok mbok sesuaino karo dompetmu, terus pasanganmu yo dijak ngobrol. Ojok yayoyayo tok ae nek pacar pengen lamaran gedhen tapi dompetmu tipis, cuk. Jelasno nang de’e enak-enakan (duduk karo enak-enak loh yo), maksude ngomong enak-enakan nek mampumu gawe lamaran mek koyok ngene.

2. Dana Gawe Acara Rabi

Dana seng ke loro yoiku dana gawe acara rabi. Nah nek iki pasti butuh dana. Dana gawe acara rabi iku ket mulai ngurus berkas, KUA, terop, dekor, mangan tamu, jajan terus tetek mbengek.

Nek awakmu lanang biasae atek mbelanjani calon bojo, dadi nang omahmu gak atek rame-rame tapi ngkok nang bojomu rame-rame.

Acara rabi yo isok dirunding karo calon bojo, pengen seng biasa opo seng luar biasa. Mangkane khusus dana iki, siapno ketmulai saiki. Aturen duwik gajimu ben gak cepet entek, dadi awakmu isok nyelengi gawe acara rabi, ojok isokmu mek ngopi karo mendem ae, cuk. Ilingo awakdwe iki duduk anake pejabat.

3. Dana Gawe Belonjo Ulanan Bojo

Ketelu, mari rabi onok maneh duwik seng metu yoiku belonjo ulanan gawe bojomu. Nek iki pasti wajib, yo soale awakmu lanang cuk. Nek gak gelem mbelanjani bojo, gaweo daster ae.

Masio ibarat’e bojomu yo kerjo, awakmu yo kudu tetep mbelanjani soale iku hak’e bojomu. Iki tergolong dana seng perlu disiapno sisan sakdurunge rabi soale mari rabi jelas duwik entek gawe acara. Nek awakmu njagakno gaji bulanan tok, yo matek.

Siapno dana iki minimal gawe 3 ulan, ben awakmu sek isok nyekel duwik lanang.

4. Dana Darurat

Seng ke papat iku dana darurat. Iki dana penting tapi akeh uwong seng gak nyiapno dana iki. Nek kadung butuh bingung nggolek utangan.

Dana darurat iki isok digawe nek ancen awakmu bener-bener butuh duwik terus gak nduwe cekelan blas. Ojok ngeremehno masalah dana darurat, suatu saat pasti awakmu butuh dana iki.

5. Dana Gawe Healing

Kelimo iku dana gawe healing. Mosok pas pacaran tok bojomu mbok jak metu, pas wes rumah tangga mbok kongkon umbah-umbah ae.

Dana iki isok mbok sisihno sakdurunge kepikiran rabi, dadi nek mari rabi terus rumah tangga, awakmu gak bingung maneh nggolek dana gawe metu nginep-nginep karo bojomu. Ojok mbok jak nang pasar malem ae, cuk.

6. Dana Pas Bojo Meteng

Selanjute iku dana gawe pas bojo posisi meteng. Pastine nek mari rabi kepingin nduwe anak, opo maneh teko pihak wong tuwo seng kepingin momong putu.

Dana iki dibutuhno gawe kontrol nang dokter, tuku obat, susu bumil, gawe tuku tetek mbengek pas bojomu nyidam, gawe bancaan sakdurunge anak lair (wong jowo akeh bancaane).

Nek kontrol nang dokter isok gawe BPJS, tapi yo ngunu ngerti dewe pelayanane BPJS nang Indonesia iki koyok opo, gak pokro.

7. Dana Pas Lahiran

Nah iki dana lahiran karo dana pas bojo meteng iku bedo. Siapno teko saiki dana gawe lairan, soale iku rodok larang opo maneh nek bojomu lairan sesar.

Dana iki kudu disiapno ketmulai sakdurunge rabi ben awakmu gak kepikiran pas bojomu lairan. Dana iki dibutuhno digawe biaya lairan (isok gawe BPJS), gawe bancaan (selapan, aqiqah, pitonan, tetek mbengek), gawe tuku susu, pampers karo liyan-liyane, uakeh lah cuk pokok’e. 

Pokok’e siapno dana iki, penting. Timbang awakmu matek ngadek. Yo’opo maneh lahwong awakmu arek lanang.

8. Dana Anak Sekolah

Iki terakhir seng kudu disiapno, yoiku dana gawe anak sekolah soale jaman saiki sekolah larang-larang.

Minimal siapno gawe anak sampek lulus SD lah, ngkok selanjute isok nabung maneh. Tapi nek awakmu ancen kepepet gak nyiapno dana iki, awakmu isok gawe dana darurat disek gawe backup.


Nah yoiku mau dana-dana seng kudu mbok siapno sakdurunge awakmu kepikiran rabi. Yo’opo sek pengen rabi opo gak rabi sampek tuwek?

Tapi mbalik maneh karo pribadi dewe-dewe, rejeki y owes onok seng ngatur. Ancen nek wes gerang, awakmu kudu iso ngatur masalah duwik, ojok mbok loss no. Awakmu isok Niru Carane Li Ka Shing Ngatur Duwik.

Awakmu lanang, ojok kakean sambat. Manfaatno waktumu mumpung sek durung ngingoni anake uwong. Soale saiki akeh arek enom wes rabi tapi gak suwe pegatan gara-gara masalah ekonomi.

Wes ngunu ae, mugo ae artikel iki bermanfaat. Tak dungakno seng wes kepikiran rabi isok ngatasi masalah dana-dana seng tak jelasno ng ndukur. Salam wong lanang !!

Posting Komentar untuk "[Gawe Arek Lanang] Sakdurunge Kepikiran Rabi, Siapno Dana Iki !!"