Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

RABI DISEK opo MAPAN DISEK? Wocoen Iki Gawe Seng Gaji Pas-Pasan

ASUPAN - Halo ho, yo'opo kabarmu dino iki? tak dungakno apik kabeh lah yo masio koyokane gak cekelan duwik, wasyuuu leee. Kurang 4 ulan maneh wes arep mlebu taun 2023, opo planmu? Wes nduwe ancang-ancang rabi opo arep tuku omah sek?

Ancen bingung nek dadi arek lanang seng wes nginjak umur 25an. Biasae umur sakmunu iku malah bimbang-bimbange milih antara enake rabi disek opo mapan disek. Nang satu sisi pacar njaluk di rabi soale wes pacaran suwi tapi gak di rabi-rabi. Lahkok sisi sijine, emak iki ngongkon tuku omah disek ben nek mari rabi wes gak bingung nggolek yup-yupan. Huraaa bingung gak awakmu ho? Rabi gak gablek duwik, tuku omah yo gak gablek duwik. Piye lanjut gak urip iki?

1. RABI DISEK

Sumber : freepik.com/groom-putting-ring-bride-s-finger

Nek awakmu ancen onok ancang-ancang rabi disek iku gak salah, timbangane selak tuwek gak rabi-rabi. Awakmu isok rundingan karo calonmu masalah persiapan gawe rabi, koyok seserahan, kwade, nyewo terop opo gedung, karo tetek bengek liyane. Rundingan disek ae karo calonmu, nek iso wes gausah mewah-mewah seng penting rabi sah, beres. Nah duwike isok digawe kedepane gawe nyicil tanah opo omah soale menurut pengalamanku seng wes rabi, seng penting iku kehidupan sakmarine rabi ho, duduk pas rabi. Percuma rabi ng gedung seng desaine mewah nyewo dangdutan ehh mari rabi lahkok ngekos, ajur jum.

Dijak ngobrol apik-apik calone, gelem gak nek dirabi tapi konsepe sederhana ae gausah mewah-mewah. Haruse nek awakmu wes pacaran suwi terus yo podo sayange, pacarmu kudune gelem, soale iki gawe urip wong 2 duduk koyok arek pacaran maneh dadi bener-bener dipikir seng temenan sesuai kesepakatan.

Masalah biaya gampang ho, isok nyelang wong tuwomu disek. Tapi nek ancen wong tuwo gaisok nyelangi, isok nyelang koncomu disek (tapi yo balekno nek mari rabi). Nek ancen gaonok seng isok diselangi isok nyelang bank utowo nggadekno BPKP sepedamu. Masalah sepeda ngkok isok goncengan karo calonmu opo nebeng koncomu nek budal kerjo. 

Nah mari rabi oleh bowohan, isok digawe nyicil utangmu sembari nyelengi maneh wong 2 karo bojomu gawe tuku omah. Ojok mandek mek sakmunu, nek isok karo nggoleko kerjo sampingan ben isok gawe tambahan belonjone bojomu, ilingo mari rabi iku onok seng kudu mbok belanjani cuk, yoiku BOJOMU.


2. MAPAN DISEK

Mapan iku opo seh nek menurutmu ho? Isok a mapan nek awakmu mek kerjo pirang-pirang taun melok uwong? Nek jareku gaisok, kecuali awakmu gak mangan pirang-pirang taun.

Sumber : freepik.com/real-estate-broker-agent-presenting-consult-customer-decision-making-sign-insurance-form-agreement

Ngene ho, nek gajimu pas-pasan terus awakmu milih mapan disek iku angel. Opo maneh gajimu nisore UMR. Durung ngopine, durung rokoke, durung ngkok nek onok kebutuhan darurat.

Nek morotuo mu njaluk awakmu mapan disek, mending munduro ae ho. Kecuali awakmu sek umur 20-23, sek onok waktu gawe nggolek penghasilan tambahan, digawe investasi, durung onok tanggungan sisan. Tapi nek umurmu wes 25-28, yo gaisok nek nerapno sistem mapan disek. Mending duwik digawe rabi disek, ngkok masalah mapan dipikir wong 2 karo bojo (tapi yo ojok mikir tok, action cuk).

Masalah mari rabi manggon nang ndi, gampang ho isok ngekos disek. Opo nek bojomu gelem manggon omahmu, yo manggon nang omahmu disek sementara. Dadi mari rabi gaduwe utang, duwik bowohan isok digawe DP omah opo isok digawe modal usaha seng isok digawe nyambung urip.


Dadi intine nek gajimu pas-pasan mending rabi disek nek ancen umurmu wes cukup gawe rabi. Nek awakmu sek umur 20-23 kerjo sek seng bener karo nggolek penghasilan tambahan (uakeh nang internet).

Ilingo mari rabi iku onok anake uwong seng mbok openi, gausah kuwatir masalah rejeki. Gusti Allah mboten sare. Awakmu wes gerang, duduk bocil epep maneh, cuk.

Posting Komentar untuk "RABI DISEK opo MAPAN DISEK? Wocoen Iki Gawe Seng Gaji Pas-Pasan"