Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Ngadepi Tonggo Seng Kakean Cangkem

ASUPAN – Nek awakmu manggon nang kampung, titik akeh pasti onok ae tonggo seng kakean cangkem. Biasae golongane emak-emak seng seneng ndoprok nang terase tonggone.

Tapi nek posisi saiki awakmu manggon nang perumahan elit, yo paling gaonok emak-emak seng seneng ndoprok koyok manggon nang kampung.

tonggo nggateli
freepik/imaji ilustration

Yo’opo Carane Ngadepi Tonggo Seng Kakean Cangkem?

Nduwe tonggo seng kakean cangkem yo pasti gak uenak. Opo maneh de’e manggon nang pinggir utowo nang ngarep omahe awakdewe.

Sek isuk wes nimbrung karo tonggo sak golongane karo nggowo sapu. Rodok awan titik nggowo piring terus mangan nang ngarep teras, ngkok nek onok tonggo lewat diceluk dijak rasan-rasan. Bengi wes cangkruk maneh karo nunggoni anake playon.

Tonggo model ngene iki biasae didominasi karo emak-emak dasteran. Nek gak kakean cangkem gak masalah, seng masalah iku wes suarane banter, senengane rasan-rasan, kakean cangkem pisan.

Dadi yo’opo ngadepi tonggo seng dapurane koyok ngene? Simak’en iki !

1. Ancen Kudu Sabar

Ancen kata sabar iku gawe penangkal sembarang kalir. Kaet kondisi gak enak sampek gak enak poll ancen kudu sabar. Opo maneh gawe gawe ngadepi tonggo seng kakean cangkem, yo kudu sabar cuk.

Anggep ae wes biasa nek tonggo seng kakean cangkem iku golongane emak-emak (ojok sampek emakmu yo koyok ngunu).

Seng penting gak nyenggol gak masalah, timbang ditanggepi malah isin karo tonggo liyane. Nek sekedar rasan-rasan ae gak usah digawe dowo, toh maringunu wonge gak suwe yo matek-matek dewe.

2. Tetep Grapyak

Masio tonggomu iku tergolong tonggo seng nggateli, awakmu yo kudu tetep grapyak nang wong iku. biasae emak-emak iku nek di grapyak’I ngkok awakdewe digawe rasan-rasan seng apik duduk seng elek.

Budal kerjo nek ketemu tonggo seng nggateli yo tetep disopo ae, opo pas de’e lewat tepak awakdewe nyapu yo disopo.

Sak elek-elek’e sifate uwong pasti titik akeh onok apik’e. Tapi nek ancen elek terus, yo kebacut cuk.

3. Anggep Ae Angin

Nek tonggo kakean cangkem iku wes anggep ae angin berlalu. Gak usah digawe ati opo maneh sampek dipikir omongane tonggo model ngene iki.

Gak penting ngurusi cocot’e tonggo, seng penting ngurusi keluargane awakdewe ae. Bah tonggo ngomong ngene bah ngunu seng penting tetep fokus nyambut gawe opo maneh nek awakmu sek enom, manfaatno waktumu gausah ngurusi tonggo seng kakean cangkem.

4. Dijawab Sak Perlune

Umpomo ketemu nang kampung, nek ditakoni tonggo seng dapurane kakean cangkem wes dijawab sak perlune ae gausah dowo-dowo. Opo’o? yo ben ndang mari terus de’e gak kakean cangkem.

Nek mbok jawab dowo ujung-ujunge yo dadi dowo. Omongane isok mblakrak ngalor ngidul gak onok titike. Wes jawaben nggeh mboten ae beres.

Nek mari ditakoni, langsung tinggalen ae ben gak kakean cangkem.

5. Digawe Healing

Seng terakhir yo tinggalen metu healing ae karo anak bojo opo karo pacarmu. Nginep sedino rong dino ben gak ketemu tonggo kakean cangkem maneh.

Ngkok nek wes moleh nang omah langsung turu gausah metu ben gak ketemu tonggo iku mau maneh.

Asline onok cara terakhir gawe ngadepi tonggo seng kakean cangkem, yoiku DILABRAK. Tapi cara iki gak disaran’o soale nek awakdewe melok ngeladeni podo ae karo wong gendeng cuk.

Yo’opo Wes Oleh Gambaran Tah Cara Ngadepi Tonggo Seng Nggateli?

Intine omongane tonggo seng gak enak iku gak usah dilebokno ati. Cukup digawe mlebu kuping kiwo, metu kuping tengen.

Gak usah diladeni, tetep fokus nyambut gawe seng penting gak nyenggol gak masalah. Nek sekedar omongan ae gak usah sampek dilebokno ati opo maneh diladeni.

Posting Komentar untuk "Ngadepi Tonggo Seng Kakean Cangkem"