Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Ngopi Seng Tergolong Unfaedah – OJOK DIBALENI !!

ASUPAN – awakmu tau gak mari dijak ngopi karo koncomu tapi pas nang panggon ngopi rasane koyok unfaedah, ngopi gak bermutu, opo maneh koncomu dulinan hp ae. Nek tau, gausah dibaleni koyok ngunu iku, gak popo she tapi ojok sering-sering. Mending nang omah isok nggarap liyane, timbang ngopi gaonok hasile.

Suroboyoan : Ngopi Unfaedah

Dadi ngene, bukane nyarano gaoleh ngopi karo konco tapi deloken sek sikon karo kebiasaane koncomu pas ngejak ngopi. Nek ancen iku konco lawas terus yo suwe gak tau ketemu, budal ngopi gak popo isok takon-takon kabar tah opo ngunu karo guyon-guyon isok ngilangno stress. Tapi di satu sisi yo deloken kebiasaane konco lawasmu iku nek ngejak ngopi yo’opo, nek ngopi cekelan hp ae yo mending gausah budal ho timbang teko warung nyebleki nyamuk cuk.

Jenenge ngopi iku kumpul karo nyeruput kopi duduk ngopi karo cekelan hp opo maneh nge game. Nek awakmu sak frekuensi she gak masalah podo gamers’e. Lah nek koncomu onok seng duduk gamers, yo sakno ho. Dadi ngopi model yo’opo seng tergolong unfaedah iku? wocoen iki ho :

NGEJAK NGOPI TAPI MENENG-MENENGAN

Iki jenis ngopi seng tergolong unfaedah poll cuk. Lah ngejak ngopi tapi pas nang warung meneng-menengan. Yo mending nang omah ae lah. Biasae arek ngene iki tergolong introvert, de’e pengen met uterus ngejak arek, tapi nang warung gaonok seng dibahas, nggeteli cuk.

NGEJAK NGOPI MALAH NDELOK TIKTOK

Nek onok koncomu seng modelane ngopi tapi ndelok tiktok, fix gausah dibaleni maneh ngopi karo de’e. Ngopi iku hp di deleh, kecuali awakmu mbales WA seng penting gak masalah isok di deleh maneh hp’ne. Lah nek terus-terusan ndelok tiktok pas ngopi bareng yo tinggal moleh ae, boring lah tiwas diparani nang warung. Ojok sampek awakmu koyok ngene ho, sakno koncomu cuk.

NGEJAK NGOPI MALAH DULINAN GAME

Nge game pas ngopi oke-oke ae, tapi deloken koncomu sekitar, onok seng duduk gamers ta? Nek onok yo ojok diterusno nge game. Opo maneh awakmu seng ngejak ngopi tapi awakmu seng nge game, lah koncomu duduk gamers, yo mlongo ho. Hargai koncomu seng duduk gamers, nge game isok ngkok pas nang omah ojok pas karo koncomu seng duduk gamers, sakno.

 NGEJAK NGOPI MALAH GENDA’AN

Iki malah nggateli parah, de’e seng ngejak ngopi ehh malah tibakno ketemuan karo arek wedok nang warung. Nek seng wedok nggowo konco podo wedoke seh gak masalah, lah nek wedok’e ijen lak awakmu dadi obat nyamuk ho. Nek iki seh jareku asli konco nggateli, ojok dibaleni ngopi karo modelan konco koyok ngene.

NGEJAK NGOPI MALAH KAKEAN SAMBAT

Wes nang kerjoan iki mumet, durung mangan, awak pegel, ehh pas dijak ngopi karo konco malah nang warung de’e sambatan ita itu. Sambat karo curhat bedo loh. Nek sambat iku modele koyok ngeluh tuwerus, pandangane yo negatif terus nang keadaan. Tapi nek curhat, de’e sek gelem nerimo masukan. Nek ngopi karo arek ngene iki, mending ndang sruputen kopimu, terus moleh.

NGEJAK NGOPI TAPI GUPUH MBALIK

Sektas lungguh, kopi sektas dadi, lahkok ngejak mbalik. Lah iki mau niat ngopi tah gak, cuk? Nek onok arek modelan ngene iki biasae gak ngerti sungkan. Moro-moro ngejak mbalik, tapi nek ditakok’I ngomonge gapopo pengen mbalik ae, jancuk. Biasae arek ngene iki moro-moro di wa pacare pengen telponan, tapi sungkan arep ngomong awakmu akhire ngejak mbalik. Parah cuk.


Intine ngopi karo konco iku perlu, opo maneh karo konco lawas seng gak tau ketemu. Tapi tak ilingo maneh, sakdurunge awakmu ngejak ngopi, awakmu kudu ngerti koncomu iku seneng bahasan opo? Gamers tah duduk? Modelane koncomu yo’opo? Dadi enak pas ngopi iku koncomu gak boring, malah seneng nek mbok jak ngopi.

Ojok lali prinsip ngregani konco, wayah ngopi yo ngopi ojok hp’an. Awakmu kudu peka karo koncomu sekitar, ojok egois, cuk.

Posting Komentar untuk "Ngopi Seng Tergolong Unfaedah – OJOK DIBALENI !!"