Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Ngolehno Arek Wedok Iku Gampang, Iki Carane !!

ASUPAN – Opo’o kok mbahas carane ngolehno arek wedok? Gak mbahas carane ngolehno arek lanang? Soale biasa seng ngejak kenalan disek iku arek lanang, duduk arek wedok. 95% arek wedok nek de’e seng njaluk kenalan disek iku gengsi.

Biasae arek lanang iku nek wes mlebu umur 20an kepingin pacaran, opo maneh ndelok konco-koncone nggawe story wes nduwe pacar kabeh. De’e ngeroso koncone kabeh wes nduwe pacar, kari de’e tok seng durung nduwe. Padahal enak gaduwe pacar, duwik gak kalong isok digawe nyelengi. Tapi seng jenenge jiwa muda pemikirane bedo, gak nduwe pacar iku gak mbois. Nggateli, cuk.

Nek awakmu wes niat kepingin nduwe pacar, awakmu isok niru cara iki. Cara iki dijamin ampuh, soale wes tau onok seng action gawe cara iki sampek wes tau ketemuan karo arek wedok peng pindo dalam waktu 2 ulan tok. Simak’en iki ho :

1. ROMBAK INSTAGRAM

Delok’en profil instagram mu, wes apik durung? Soale jaman saiki nek kepingin ngerti dapurane arek koyok opo masio gak tau ketemu iku teko profil instagram. Ojok sampek profil mu tulisane bekerja di PT. Mencari Cinta Sejati, yo gak mbois cuk.

Nang kene awakmu gak perlu ngganteng, seng penting rapi karo pede. Cobak rombak’en profil IG mu, hapusi foto-foto seng kurang apik karo caption seng alay-alay. Ganti karo foto seng rodok mbois titik (masio gak ganteng). Nek awakmu isin ngadep kamera, awakmu isok gawe masker, opo foto seng gak ndudokno wajah. Pokok’e yo’opo carane instagram mu iku nek di delok iku nggarai seng stalking kepo.

Contoh foto gawe IG

Nek masalah ngedit foto, isok mbok gawe hitam putih opo isok ngedit foto online nang situs’e Canva. Nang situs iku awakmu isok ngedit sembarang kalir, pilihan menune yo gampang gawe pemula, gak ribet. Cobak’en disek ojok kesusu ngomong angel, cuk.

Website Canva


2. SAT SET NGGOLEK TARGET

Maksude sat set nggolek target iku yo nggolek arek wedok. Awakmu gausah nggolek nang dalan-dalan arek wedok seng keleleran, cukup gawe instagram ae. Contohe nek awakmu pengen nduwe pacar arek seng lagi manggon nang suroboyo, awakmu search ae nang instagram seng tentang suroboyo. Koyok akun’e @aslisuroboyo, @suroboyoku, akeh pokok’e. Cobak delok’en postingane akun iku mau, terus bukak’en komentar’e. Biasae arek wedok seng komen nang akun iku roto-roto durung nduwe pacar, nah iku isok dadi targetmu.

Pertama, deloken profil instagram’e, nek sekirane iku sesuai karo seleramu yo isok mbok dadikno target. Tapi yo ojok dukur-dukur disek seleramu, sewajarnya ae, cuk. Seng keloro, like disek komen’e nang akun mau, ojok kesusu follow areke sek. Nek isok tiap kali arek’e komen, awakmu kudu nge like komen’e. Pantau terus pokoke seng penting wes iling jeneng profil instagram’e.

Seminggu mari nge like komen’e de’e baru awakmu follow instagram’e. Nek arek’e posting langsung like, gausah atek komen disek sampek areke follback. Ketelu, wayahe awakmu seng posting. Nek areke nge like postinganmu berarti target wes mlebu list. Nek isok tiap kali awakmu posting, areke mesti nge like, iku berarti wes onok lampu ijo kari lanjut step berikute.

3. NJALUK NOMERE TARGET

Saiki wayahe nge DM target. Masalah DM iki isok langsung mbok DM yo isok ngenteni arek’e nggawe story terus mbok komen DM’e. Tapi jurus seng tembus biasae pas de’e nggawe story baru awakmu langsung mbales story’e. Nek isok mbales story’e iku nggarai ngguyu, pokok’e gak terlalu ndeso lah.

Nek arek wedoke mbales, awakmu yo kudu siap mbales maneh terus ngobrol ngalor ngidul sampek oleh nomor WA’ne. Nek wes dikeki nomere berarti ancen target iku mau gambaran padang, kari awakmu ngelanjut no ngobrol nang WA. Tapi ilingo, ojok terlalu ndeso nek mbahas obrolan. Seng penting ketok rodok cool titik dadi wong lanang. Sesekali di telpon areke ben ngerti suarane iku rodok melengking opo nge bass.

4. KETEMUAN

Cara terakhir iki ketemuan karo target. Pastine mari ngobrol nang WA ngalor ngidul, areke yo pengen ketemuan. Usahakno penampilan iku seng rapi, bukan berarti gawe hem terus gawe pantofel, gak ngunu cuk. Nggawe kaos gak masalah seng penting ojok sandal jepitan, nek sandal seng apik yo gak popo. Nggawe perpaduan kaos ireng, celono ireng karo sepatu sneakers opo sandal riyoyo terus disemprot minyak wangi titik ben tambah klepek-klepek. Masalah kendaraan opo onoke ae, gausah mekso nyewo mobil barang, onoke peda supra yo peda supra ae, gausah kemalan

Masalah panggon gawe ketemuan iku gampang, seng penting ojok di jak ketemuan nang kuburan opo nang gang sepi. Seng nggolek panggon pastine seng lanang soale arek wedok nek ditakoni pasti njawab “terserah”. Wes nggolek’o panggon koyok cafe-cafe seng asik, opo nang panggon seng isok lesehan karo mangan cilok. Gausah gengsi kudu nang mall terus langsung di jak nang bromo, ilingo awakmu iku sek ketemuan, cuk. Pokok’e nggolek’o panggon seng sekirane iku gawe ngobrol enak terus yo panganan’e yo gak larang-larang poll lah.

Biasae pas ketemuan pertama kali iku nggarai deg-degan. Seng siji gak pede karo rupane, seng siji gak pede karo ngobrol’e, iku wes biasa. Nang kene awakmu sebagai arek lanang kudu tetep stay cool, masalah rai urusan mburi. Arek wedok iku seneng arek lanang seng dijak ngobrol enak karo lucu. Umpomo pas ketemuan awakmu dijak selfie, opo awakmu ngejak foto selfie terus arek’e gelem, biasae 70% areke srek karo awakmu. Kari ndelok, nek mari ketemuan WA’mu sek dibales stabil koyok sakdurunge ketemuan, berarti target rodok onok kesengsem’e karo awakmu.

Nggolek arek wedok gawe sekedar pacaran iku gampang, nggolek arek wedok digawe rumah tangga iku seng susah. Ojok terlalu loyal, opo onok’e, gausah terlalu blak-blak’an.

Posting Komentar untuk "Ngolehno Arek Wedok Iku Gampang, Iki Carane !!"